Friday, March 2, 2018

Contoh Laporan Upacara Adat Nyadran Dalam Bahasa Jawa

Atur Pangiring

           Puji syukur penyerat panjatake marang Gusti Allah SWT paring segala rahmat,hidayah serta inayahnya.Saengga penyerat bisa nyelesaikake karya tulis iki bermanfaat kaleh pemaos.
       Tujuan penyerat ing pembuatan karya tulis iki yaiku menuhi tugas lan maringi informasi sing berkaitan dening tradisi nyadran.Makalah iki secara umum berisi kanggo pengertian tradisi nyadran,ubarampe sing digawe,lan tata cara pelaksanaane tradisi nyadran.
            Penyerat menyadari makalah iki tebih dening  sempurna,kathah kekurangan lan kesalahan ing karya tulis iki.Semoga karya tulis iki bisa mbiyantu para pemaos marang tradisi nyadran.


                                                                                







Penyerat.



Bab 1
Pambuka
   a. Landhesan panaliten  (Landasan penelitian)
                 Budaya masyarakat sing wis melekat dadiake masyarakat jawa njunjung dhuwur nilai-nilai luhur teka kebudayaan iku.Salah sijine wujud kebudayaan sing seringkali dikenal karo masyarakat jawa yaiku tradisi nyadran.Tradisi nyadran niki ditindaake turun-temurun.Ancase tradisi nyadran yaiku memanjatkan do’a marang Gusti Allah SWT supaya diwenehi keslametan lan kesejahteraan.Tradisi iki yaiku salah sijine warisan budaya nenek moyang,sing patut di lestariake.
                   Budaya masyarakat sing senantiasa dilestariake lan dijaga,bisa membentuk sebuah tradisi.Ana faktor sing bisa mempengaruhi tradisi nyadran,yaiku kanggo menghormati para leluhur sing wis ciptakno tradisi nyadran.Upacara nyadran uga duweni nilai sing terkandung ning jerone,kayata nilai keagamaan yaiku masyarakat meyakini dening sing didapatno baik berupa kesehatan utawa kemakmuran marang Gusti Allah SWT.Menurut wong jawa,ngelestariake tradisi duweni ancas yaiku kanggo ngilingo manungsa supaya ora lali marang asal-usule.
b. Ancase panaliten/pengamatan
                  Ancase panaliten tradisi nyadran,yaiku:
 1.Kanggo menambah wawasan lan pengetahuan dening tradisi nyadran sing wis dilaksanaake ing zaman biyen sing isih dipertahakno.
 2.Kanggo mengulas maneh apa sing disebut tradisi nyadran.
c. Guna mupangate (manfaat) panaliten/pengamatan
                     Manfaat panaliten tradisi nyadran,yaiku bisa mangerteni sing disebut tradisi nyadran,menambah wawasan marang tradisi adat jawa.Manfaat panaliten kanggo awake dhewe, yaiku bisa mangerteni marang tradisi adat jawa nyadran,menambah wawasan dening tradisi nyadran.Manfaat panaliten kanggo wong liya,yaiku menehi wawasan marang tradisi adat jawa nyadran,lan tata carane tradisi adat jawa nyadran.  Kanggo panliti, diajab Panliten iki bisa nambah ilmu, kawruhlan wawasan, lan menehi pangalaman ngenani kesenian kabudayan Jawa, mligine tradhisi nyadran Kanggo masyarakat, diajab panliten iki bisa menehi pangalaman lan kawruh ngenani tata gelar lanmangerteni kepriye wujud gegambaran tradhisi nyadran saengga bisa melu nguri-nguritradhisi tradhisional kasebut.  Kanggo generasi mudha, panliten iki dikarepake bisa menehi tambahaning wawasankanggo para generasi mudha supaya gelem nguri-uri lan nglestarekake tradhisi nyadran.
                                  
Bab 2
Wosing isi
a.    Pangerten (pengertian/definisi) upacara adat sing ditaliti
           Nyadran asale saka bahasa sansekerta,sraddha sing artine keyakinan.Ing bahasa jawa,nyadran asala saka kata sadran sing artine ruwah syakban.Secara etimologi,nyadran bisa diartiake sebagai bentuk tradisi kaya kenduri sing ngunaake sarana tertentu sing biasane berwujud panganan besekan.Panganan sing biasane kudu ana wayahe nyadran,yaiku berwujud ketan,kolak,lan apem.
            Pengertian lebih lengkap,nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku. Yen ing desa Sambong manganan iku dianakake ing pesarehan, masyarakat ing kana nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat yen nganakake manganan saka wujud rasa syukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ing pesarehane. Sakliyane mengeti nyadran utawa manganan sing nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad yaiku supaya ora ana gangguan roh jahat lan mahluk alus.
b. Ancas para warga masyarakat nindaake upacara adat sing ditaliti
          Ancase dilaksanaake tradisi nyadran yaiku memanjaatkan do’a marang Gusti Allah SWT supaya diwenehi keslametan, kesejahteraan,lan kesehatan.Ungkapan rasa syukur marang Gusti Allah SWT wis maringi asil bumi sing berlimpah.Berdo’a supaya diadohake marang bahaya sing sifate tolak balak.
c. Sapa wae paraga sing nindaake (terlibat) ing upacara adat kasebut lan sapa wae sing rawuh.
           Sing terlibat ing upacara adat nyadran,yaiku para kepala desa lan perangkat desa,lan para warga desa kasebut.Lan sing rawuh ing tradisi upacara adat nyadran,yaiku para warga desa sing ngadaake upacara adat nyadran tersebut lan para warga desa saka desa liya.
d. Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara adat kasebut.
          Piranti lan ubarampe sing digunakake ing upacara adat nyadran,yaiku Ing sajrone nganakake manganan ana syarat uba rampe sesaji sing kudu ana. Uba rampe iku yaiku apem, ketan lan kolak. Telung sesajen iku dimaknai kanthi cara islami. Apem iku saka tembung Afuan ing tegese ampunan. Ketan iku saka tembung khoto’an sing nduweni teges putih lan suci, yen kolak saka tembung kholaqo sing tegese ang Pencipta. Saka telung sesajen iku dimaknai kanggo symbol eling marang Gusti. Nanging yen masyarakat jawa negesi yen kolak iku tegese ojo ditolak artine apa sing dadi panjaluke moga-moga ora sampek ditolak. Ketan tegese raketa yaiku supaya doa kawulo manunggal dening Gusti. Telung sesajen pokok iku uga ditambahi karo tumpeng lan sego kaliyan lauk kayata iwak pitik.
Apem, ketan lan kolak iku saliyane dadi uba rampe sing wajib uga digunakake munjung (ater-ater) kanggo dulur-dulure sing luwih tuwa lan tangga teparuhe. Saka iku nuduhake yen iku kabe dilakoni masyarakat wujud rasa  solidaritas lan sosial marang wong liya.
e. Tata cara nindakake upacara adat (langkah-langkah/tahapan kegiatan) wiwit purwakaning nganti paripurnaning adicara.
          Tata cara nindakake upacara adat nyadran,yaiku Ing nyadran, sadurunge acara inti lumrahe ing desa, masyarakat sing ana ngresiki panggonan sing digawe nganakake acara nyadran. Sawise ngresiki, masyarakat kampong nggelar kenduri ing panggonan utawa panggon kosong sing ana sakiwa tengene panggon upacara nyadran. Saben kulawarga lumrahe nggawa macem-macem panganan, banjur lungguh bareng-bareng ing pesarehan kanthi sila. Banjur kepala desa mbukak acara sing isine iku nduweni maksud ngucapne rasa syukur lan matur suwun marang wargane sing wus gelem nggawa jajan lan tumpeng (ambengan) uga wus gelem nyempatne melu upacara nyadran.
            Saka tata cara iku, cetha yen nyadran iku ora amung ziarah ing pesarehane leluhur nanging uga nduweni nilai-nilai social budaya kayata gotong royong, guyub. Saengga nyadran iku bisa ningkatne ngrembakane kabudayaan Jawa lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka utawa tetep lestari. Kanthi cara sosio-kultural, upacara nyadran iku ora bisa kaanggep ngresiki pesarehan leluhur, slametan (kenduri), nggawe apem, kolak, lan ketan sing dadi sesaji. Nyadran utawa manganan iku ndadekake silaturahmi kulawarga tetep utuh lan dadi transformasi sosial, budaya, dan keagamaan. Saka ndhuwur iku cetha yen ana hubungan kekerabatan, kebersamaan, kasih sayang antarane warga. Sawise iku mBah Moden sing wus dipilih dadi rois mimpin donga sing isine nyuwun sepura lan ngapura marang leluhur lan marang Tuhan Yang Mahakuasa. Dongane nggunakake tata cara agama islam lan warga sing ana padha ngamini.
              Sawise donga iku rampung, kabeh warga desa sing ana ing panggonan upacara manganan iku mbagi-mbagi tumpeng sing wus digawa. Saliyane iku, para warga uga padha barter jajan sing digawa, padha omong-omongan utawa guyon-guyonan. Banjur sing ora bisa melu utawa warga sing ora mamu ing desa  diwenehi tumpeng (berkat) lan jajan kanthi cara diwenehne ning omahe.
                          











Bab 3  Dudutan (kesimpulan) lan panyaruwe (saran).
  a. Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake.
Dudutan upacara adat nyadran,yaiku ungkapan kesalehan social masyarakat sing nduweni rasa gotong royong lan solidaritas sing dadi tujuwan utamane tradisi iki. Saliyane iku, nyadran uga bisa ningkatne hubungan marang Gusti lan masyarakat social saengga bakal ningkatne rembakane kabudayaan lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka maneh. Manganan iki uga dadi salahsijine dalan kanggo njaga silaturahmi antarane masyarakat. Yen manganan iki dtiingkatne maneh rasa sosiale masyarakat Indonesia iki bisa bener-bener dadi rukun, ayom-ayem lan tentrem.
Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, senajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.
Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur.Menurut tradisi nyadran saat iki sing dilaksanakake masyarakat yaiku tradisi sing dilaksanakake ing zaman wali songo,sakliyane mengajak masyarakat kanggo silaturahim,tapi uga kanggo menjunjung tinggi nilai keagamaan.Saengga,pola pikir manungsa ora menganggap sesuatu sing biasa,tetapi tradisi nyadran yaiku sesuatu tradisi sing duweni sifat sakral.
b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang katujokake kanggo panaliti dhewe uga kanggo para panaliti kang nindakake panaliten liyane.
           Sarane yaiku tetap menjaga kestabilan marang masyarakat dening ngejalanake tradisi nyadran,maka setiap menjelang bulan Ramadhan,yaiku sya’ban utawa ruwah,aja dilalikake.Amarga iku kanggo menjaga lan ngelestarikake sing diperuntukan kanggo penduduk terutama sing beragama Islam.Maka,saka iku rasa saling duweni lan tanggung jawab diterapkan kanggo masyarakat Islam awit cilik.Kanggo selalu ngilingake lan bersilaturahim marang para leluhur.Nanging hal iki dilaksanakake sesuai dening kepercayaan pribadi masing-masing.Tetap dijaga lan dilestarikake supaya,anak cucu bisa ngrasakake lan meruhi upacara adat nyadran lan upacara adat liyane.

No comments:

SEJARAH PERADABAN ISLAM PADA AWAL PERMULAAN ISLAM SAMPAI DENGAN KHULAFAURRASYIDIN

                                                                                     BAB I                                            ...