Wednesday, February 28, 2018

ASAL USUL DESA TURIGEDE,BOJONEGORO



TUGAS BAHASA DAERAH

Nama    :Rindah Anjarwati
Kelas     :XI IPS 2
No.Abs :23
                                                       
ASAL-USUL DESA TURIGEDE.
             Desa Turigede yaiku desa ing kecamatan Kepohbaru, kabupaten Bojonegoro,Jawa Timur.Desa Turigede miturut etimologi saka kata turi sing artine jeneng wit,lan kata gede sing artine ageng utuwa gedhe.Dadi Turigede diartikake wit turi sing duweni ukuran gede.
               Miturut katrangan sing bersumber dening cerita para sesepuh biyen,desa Turigede terbentuk ing taun 1924 kalih kepala desa sing disebut petinggi.Desa Turigede terbentuk saka gabungan tiga desa,yaiku desa turi,sambong,lan saban.Sing sampun ana sekitar taun 1880-an.Turigede dibagi kaping 11 RT,2 RW lan 3 dusun,yaiku saban,turi,lan sambong.
                Pada awale,desa Turi lan desa sambong dipimpin kalih seorang petinggi sing jenenge Kasimin (taun 1880-1924) sing pemerintahanne ana ig desa turi.Lan desa saban duweni pemerintahan dhewe dening petinggi sing jenenge Sarbo.
                Lan akhir pada taun 1924,tiga desa digabung dadi setunggal sing jenenge desa Turigede lan petinggi sing jenenge Kromo amijoyo kasman.Lan dusun turi,sambong,lan saban dadi lingkup pemerintahan desa Turigede sing disebut dukuhan.Penggabungan iki,gede kemungkinane di laksanakake kalih pemerintahan Hindia Belanda, ngiling ing taun iku Indonesia tasik di jajah kalih Belanda.
                Miturut legenda desa,jeneng Turigede berasal dening Bahasa Jawa,yaiku  “pitutur sing gede” sing artine nasihat sing gede.Hal iki bisa di kuatake dening mitos,bahwa kabeh wong Turigede sing merantau kathah sing sukses.
                Ing tiap dukuhan ing desa Turigede,setiap taun dilaksanakake upacara adat taunan yaiku nyadran,kanggo ungkapan rasa syukur kanggo Gusti Allah SWT atas kasil bumi sing kathah utawa melimpah. Lan khusus dusun turi,setiap taun di laksanakake perayaan kalih nyuguhake kesenian tayub sing di laksanakake ing punden desa terletak ing RT 5.
               Punden iki yaiku makam sesepuh sing disebut mbah danyang, sing berasal saka kata datuk (kakek) lan nyang (nenek).Ing punden kasebut ana sumber banyu sing biyen disebut sendang turi sing sampai saiki sumber banyu utama menuhi kebutuhan banyu resik ing seluruh masyarakat desa Turigede.

SEJARAH PERADABAN ISLAM PADA AWAL PERMULAAN ISLAM SAMPAI DENGAN KHULAFAURRASYIDIN

                                                                                     BAB I                                            ...